WIGATOSING KASUCÈNING GESANG

Renungan Harian • by Pdt. Pandu Pradana Wahyudi
WIGATOSING  KASUCÈNING GESANG

Bacaan: 2 Korintus 7:1

Wonten ing gesang padintenan, kita asring mireng tetembungan "resik" lan “boten resik”. Nanging resik ing ngriki mboten namung babagan lahiriah kemawon ananging ugi ngemot makna rohani. Ayat-ayat ing dinten punika ngajak kita ningali sepinten wigatosipun kasucening gesang wonten ing lampahing pangibadah lan ing sesambetan kita kaliyan Gusti Allah.  

Kaimaman 15:25-31; 22:1-9 mratelakaken bab pangibadah ingkang suci.  Gusti paring dhawuh dhumateng bangsa Israel supados sami netepi pranatan utawi aturan-aturan babagan kasucening gesang. Gusti Allah nedahaken bilih kasucen ing tata lair punika sesambetan kaliyan bab karohanen. Wontenipun paugeran punika dadosaken kita enget, bilih saben tiyang ingkang sowan ing ngarsanipun Gusti Allah kedah suci lahir batin; ngadhep kanthi ajrih lan asih/ngaosi Gusti Allah.   

Wondene ing Jabur 40:1-8 dipun pratelakaken bab katresnan lan kasetyan Gusti.  Juru Mazmur matur: “Kula ngentosi Gusti kanthi sabar, Panjenengan mirengaken swanten kula” (ayat 2). Gusti punika maha welas lan sabar. Waosan dinten punika paring panglipur lan dados pangandel bilih Gusti mboten nganggep gesang resik kita minangka prekawis legalistik/formalitas. Nanging kasucening gesang minangka wujud timbalan dhateng katresnan, kasetyan, lan kabecikan. Enget: Panjenenganipun mboten ngersakaken kurban tata kajasmanen kemawon, nanging “talingan ingkang kabikak” — tegesipun Gusti Allah ngersakaken bab manah ingkang purun mirengaken dhawuh lan karsa Dalem dadya tetalesing gesang Suci. Pancen gesang suci punika satunggaling proses ingkang kedah katindakaken kanthi temen.   

Serat 2 Korinta 6:14-7:2 nandhesaken gambaranipun tiyang ingkang dipun-pindah saking pepeteng lumebet ing pepadhang. Rasul Paulus ngajak kita sami supados mboten madha rupa kaliyan "ingkang mboten pracaya". Sumangga sami ngrasuk gesang suci wonten ing ngarsanipun Gusti. |*LES. Renungan Harian Sabda Winedhar Sinode GKJ.

Sugeng enjang.
Sugeng lumebet, nggegilut wonten ing Minggu Limrah, Bulan Kesaksian dan Pelayanan.
Sugeng lelados, beraktivitas.
Salam Sehat Tetap Semangat.
Gusti mberkahi kita.